Home » » Watek Pacol, Pedang Lan Keres

Watek Pacol, Pedang Lan Keres

Written By Amoe Hirata on Rabu, 28 Januari 2015 | 22.11

          Wulan iki, Sarikhuluk  oleh wejangan luar bioso soko Kiai Mbeling. Wong orep iku, isok  didelok  teko telong watek.  Nomer siji, watek pacol. Nomer loro, watek pedang, lan nomer telu, watek keres.

1.    Watek Pacol:

Yoiku wateke wong seng orep intine cumak ndulek duwek utowo ekonomi. Klakoane kabe diarahno nang pacol. Sekolah kerono pacol, dadi yai kerono pacol, dadi guru lan liane kerono pacol. Wong ngene iki wong kedunyan. Uripe cumak gawe awak dewe lan cumak ndulek keuntungan pribadi.
2.    Watek Pedang

Yoiku wateke wong seng seneng perkoro politik utowo kuoso. Uripe diarahno gawe ndulek kuoso. Pendekatane ugo, pendekatak politik lan militer.

3.    Watek Keres

Iki watek seng paling dukur. Keres lambang pusoko, harga diri, lan martabat. Wong orep, nek tujuane ndulek keres, moko uripe ndulek kamulyan utowo kamukten.


Uwong nduwe pacol, gorong tentu nduwe pedang. Wong nduwe pedang, duwe pacol tapi gorong tentu nduwe keres. Wong nduwe keres, pasti duwe pedang lan pacol. Wong nduwe keres ibarat rojo, pedang ibarat prajurite, sedang pacol ibarat rakyate. Intine, wong iku kudu ndulek kamulyan lan kamukten. Nek kamulyan seng dadi pusoko isok dijupuk mongko uripe bakal bermartabat dan mulio.





Share this article :

0 komentar:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !

 
Copyright © 2011. Amoe Hirata - All Rights Reserved
Maskolis' Creation Published by Mahmud Budi Setiawan